Sabtu, 23 Maret 2013

GELO BANGET


“ding-dong… ding-dong … ding-dong …………” suarane bel sekolah nalika bali. Sakwise bel, aku lan kanca-kancaku banjur berdo’a lan baris nyalami gurune. Banjur kui mulih bebarengan. Sekolahku lumayan adoh seko omahku. Amergane aku seko ngomah tekan sekolahan nge-pit. Untung wae aku nge-pit ono kancane. Sakhurunge bali aku janjian karo kancaku nek sesuk esuk mangkat sekolah bareng. ”Din, sesuk mangkate sekolah pada barengan yo ?”, omonge Rina. “iyo, lha sesuk arep mangkat jam pira?”, takonku. Rina mangsuli, “yo sesuk sekitar jam 06.15 yo ?”, “iyo.” wangsulku. Sakwise kui aku lan kancaku bali.
Tekan ngomah, aku langsung ganti. Aku ndelok jam kaget, amarga wes jam 14.30. Sakbanjure, aku wudhu arep shalat luhur. Sakwise shalat Luhur, Aku langsung tumuju ana ing ngarep tv. Nganti tekan jam 16.00. Aku wudhu meneh mergane arep shalat Ashar. Sakbanjure shalat Ashar, Aku ngerti adhiku dolanan game computer. Aku banjur melu-malu ngegame. ”Dek, aku tak melu ngegame yo ?”, takonku marang adhiku. Adhiku langsung njawab “yo mbak.”. Lagi asik-asik ngegame, ana suara : “Dina…………mreneo ngewangi Ibu”, ”inggih bu..”, jawabku. Jebulane, aku dijeluk ibu amerga didhawuhi ibu ngewangi nggawe buka. Sakwise nggawe bukane arep rampung, aku adus dhisik merga arep melu ngaji. Sakwise adus aku dandan banjur mangkat neng masjid.
Tekan  masjid, aku langsung nusul ngaji amerga wus telat. Ngajine nganti tekan maghrib. Dadine buka puasane neng masjid. Sakbanjure buka, langsung dilaksana’ake shalat maghrib berjamaah. Banjur mulih. Tekan omah, aku neruske buka nganti tekan adzan Isya’. Banjur kui mangkat meneh ing masjid merga arep nglaksanaake shalat Isya’ lan shalat Tarawih. Sakwise shalat Tarawih, aku lan kanca-kancaku banjur melu kegiatan tadarus Al-Qur’an. Tadarus Al-Qur’an iku nganti tekan jam 22.30. Sakbanjure aku bali.
Tekan omah, mataku ora iso diajak kompromi. Tekan kamar tanpa nyopot sandal lan rukuh aku langsung turu. Esuke aku digugah bapakku. Merga diajak sahur. Sakwise sahur aku mangkat ing mesjid subuhan. Sakwise aku bali seko mesjid aku lagi njadwal. Trangane ana PR akeh banget. Aku kepeksa nggarap PR. Amerga aku nggarap PR karo teturon, aku wis rumangsa rada ngantuk banjur aku kebablasen turu meneh. Ngerti-ngerti tangi wes jam 06.30. Aku langsung adus. Aku adus mung 5 menit, gara-gara kesusu.
Sakbanjure adus, aku langsung siap-siap arep mangkat sekolah. Tasku langsung takslerepke. Aku banjur nganggo sepatu lan ngetokke pitku seko garasi. Aku langsung pamit Bapak lan Ibu. Sakbanjure aku langsung ngebut kepingin selak tekan tempat janjian. Sakwise tekan panggonan, ananging aku ora nemoni Rina. ”paling Rina wis dhisik, merga aku telat mangkat ing kene”, batinku. Sakwise ngono, aku langsung bablas mangkat neng sekolahan.
Sakbanjure tekan sekolahan, gerbange wis arep ditutup. Aku langsung nylonong mlebu. Taktinguk tengen lan kiwa wis ora ono wong. Dadine aku langsung markirke pitku kemau lan banjur mlebu kelas. Tekan ngarep lawang kelas, aku ndhodhok pintu. Bu Guru mangsuli “mlebet…”, aku langsung mbukak pintu lan ngomong “nyuwun pangapunten bu, kula telat…”, Bu Guru langsung ngendika, “yo orapopo, lingguha”, “nggihbu, matursuwun”, jawabku. Aku langsung milih jejere Rina .“Rin, maaf yo aku mau ora neng panggonan sing awakedewe omongke. Soale aku iki mau kerinan.”, omongku. Rina njawab, “orapopo yo…”. Bebarengan karo Rina ngomong ngono, aku dipanggil Ibu Guru, “ayo Dina maju ngerjakke PR no 1.”, ”inggih bu.”, jawabku. Aku banjur mbukak tas nggoleki buku. Ananging aku lagi kelingan menawa PRku mau isih neng tempat tidur. Rina ndelok aku bingung, banjur Rina takon, “ono opo to Din ?, kok koyo bingung ?”. aku njawab sejujure, “Rin, aku lali nggowo buku PR, iki kepie ?”, ”rasah kuatir, nyiliha bukuku wae”, omonge Rina. “Ya Allah,…walah, maturnuwun banget lho Rin”, omongku. “ayo Dina, gek dikerjakke”, printahe Bu Guru. Batinku, “Ya Allah matursuwun banget “.Aku janji, sesuk meneh yen ono PR arep tak garap sakwise mulih seko sekolah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar